Cattegory

Selasa, 28 Oktober 2008

Kapusan (cerpen Bahasa Jawa)

KAPUSAN
Dening: Bekti Yustiarti

Ana sawijining keluarga sing nduweni sifat kang gengsi. Keluarga iku uripe sedengan, mlarat yo ora sugeh yo ora. Nanging, ndeknene rumongso wong sugih sanajan nyilih kiwo tengen. Sarpono, duwe bojo Sumini sing pada sifate yaiku pada-pada le seneng pamer lan gengsi. Semono ugo anake ”uwoh ora tibo adoh soko uwite”. Ningrum, bocah kelas 2 SMP sing senengane gonta ganti HP. Pak Sarpono kerja nang sawijining supermarket, dudu dadi manajer opo direktur nanging ming satpam. Sumini malah ora kerja, ming ngurusi anak lan omah.
”Jamane jaman edan yen ora melu edan ora komanan” lagu kui memper kang ditembangake Sarpono ing sore sakbaline soko kerjo, nanging lirike sing diganti.Mangkene unine “jamane jaman gengsi yen ra gengsi ra duwe rai.”
“Bojoku ki yo malah nang ngendi to? Sore-sore ra nyepak-nyepake jarang nggo adus, malah nonggo, mesthi grumpi. Wong wadon nek wis do nglumpuk apa to sing di omongke, nek ra pamer abrak yo pamer sandhangan nek ra ono kui yo ngomongke tanggane. Ningrum…Ibumu neng ngendi?”
“Rangerti Pak, aku lagi wae tangi turu.”
”Bocah wadon gaweane turu, mbok yo sinau-sinau ben dadi wong mulyo! Ojo tiru bapakmu iki, wis urip ming cukupan utange nangendi-endi. Ibumu kon bali, goleki nggone Bu Broto, biasane lakyo ngrumpi nang kono!” Ningrum banjur lungo, nggoleki ibune.
”Iki piye ibune ningrum kok ra bali-bali, aku arep njaluk tulung tak kon ngapusi. Walah-walah kok ra bali-bali to.” Sarpono karo nglongak nglongok neng lawang.
“Ibu, diaturi Bapak ken kundur!” neng ngarepe wong liyo Ningrum boso karo Bapak Ibune, nanging nek nang ngomah ora tau boso.
“Opo iyo nduk? Ono opo yo? Mesthi arep ngajak jalan-jalan yo, iki lak yo tanggal enom, bapakmu bar nompo gaji yo nduk? Bu Broto kulo pamit rumiyin nggih. Niki bapakne Ningrung ngajak jalan-jalan ke mal.” Lagakke koyo wong sugih duit.
“Inggih Bu Sumini, benjang mriki maleh nggih! Ceritane wau lak yo dereng rampung to, pokoke benjing kulo tunggu lho, Bu!” Bu sumini lan Ningrung terus bali. Sarpono wis nunggu ono ing ngarep lawang.
“Ono opo to pak? Aku ko lak yo gek asyik ngrumpi, dikon bali dadi rangerti lanjutane aku, sesuk aketinggalan gosip iki.”
“ngene lho Bune, awake dhewe ki lak yo duwe utang Rp 1.000.000 to karo Pak Lurah, dino iki kudu dibalekke. Iki ho kuitansine”
Sumini nampani. “Iyo yo pak, ning arep mbayar nggo opo? Bapak dhewe durung gajian. Sanajan wis gajian yo bayarmuki ora cukup nggo mayar utange pak lurah. Endhi duwit sing mbok weneni wingine wis di jaluk ningrum, jarene nggo tuku buku, terus piye pak? Opo aku utang Bu Broto, ning aku yo isin wong utang sing biten kae yo isih Rp 200.000 durung tak bayar.”
“mula iku Bene, aku ngongkon kowe lek bali, aku nduwe ide. Mengko nek Pak Lurah mrene, kowe ngomong nek aku lungo neng Jakarta ono panggilan kerja mendadak. Sekita sewulan”. Sumnini wis ngwerti maksud sing dikarepke sarpono, wong mbedinane yo ngono. Saben ono wong nagih utang, alesane mesthi lungo, wis ra keno di etung le ngapusi marang wong-wong sing diutangi. Malah ono sing tekan saiki ora disaur karang sing diutangi wis sedo. Ora let suwe Pak Lurah teko.
” Kulo nuwun. Bapak wonten Bu?
” E, Pak Lurah monggo mlebet rumiyin. Nanging, Bapake Ningrum niku nembe kesah Pak, wonten Jakarta. Enten panggilan kerjo ngoten, nembe wingi sonten le mangkat. Kundurepun sekitar sewulan malih, soale meniko nggarap proyek baru, ngoten.
“ Walah, alesan. Saben aku nagih utang mesthi lungo, nek ra panggilan kerjo, yo proyek baru nek kuwi yo lungo neng ngendi, ojo-ojo ming ndelik neng kamar? Aku ki wis bosen krungu alesanmu ki. Wis ping piro aku nagih utang mrene, alesane podho kabeh. Yo wis aku tak bali, percuma aku suwe-suwe nang kene, ora ono hasile. Pokoke sepisan meneh aku mrene kudu wis ono dhuite, nek ora dibayar barang-barang sing ono ing omahmu iki tak sita.” Pak Lurah banjur muleh, karo nesu-nesu.
“ Slamet, slamet. Sambi ngelus dodho. Iki gek wong siji sing nagih utang, mongko dino iki nek ra salah ono wong telu, waduh...aku ngapusi opo meneh yo? Mosok engko nek Yono teko, le ngopusi yo podho. Piye iki? Aku kudu golek alesan liyo, ning opo yo? Ah...gampang, mengko teko waton wae. Timbangane aku mumet-mumet.” Ora let suwe Pak Yono teko. Opo meneh nek ra nagih utang. Koyo biasane, Sumini wes lekas ngapusi, nganti sing ngungoke bosen, banjur Pak Yono lungo ora entuk duit sing arep di tagih malah arep diutangi maneh. Ngono sateruse nganti wong sing ketelu yaiku Bu Sastro.
“Piye Bune? Berhasil to? Sambi metu seko mburi. Bune pancen pinter nek urusan ngapusi.”
“Kowe kepenek ming dhelik ing mburi, aku ki senam jantung ngadepi wong-wong kae mau. Pak, kae kok ono mobil apik mandhek neng ngarpan Pak. Lho...wonge kok mudun, mrene lho Pak” Sarpono lan Sumini banjur metu.
“ Leres daleme Pak Sarpono?” Wong sing mudhun soko mobil mau takon.
“ Inggih, leres. Kulo piyambak Sarpono, enten nopo nggih?
“ Selamat nggih, Bapak angsal undian mobil.”
”Mobil???” Sarpono kaget campur seneng.
”Bapak Angsal mobil saking undian ingkang Bapak kirim. Nanging pajak ditanggung pemenang. Bapak kedah mbayar Rp 2. 000. 000 sakniki, nek mboten mobile ajeng dilempar ing wong liyo. Pripun?”
Sarpono langsung golek utangan untung diwenehi. Duite diwenehke marang wong mau. Lan wong mau janji arep ngeterke mobile mengko sore. Banjr wong mau lungo numpak mobil karo nggowo duite. Dina uwis sore, nanging wong mau durung muncul-muncul. Ditunggu nganti bengi, nganti esok, awan lan sore meneh wong mau ora teko. Sarpono lekas, curiga. Gek-gek wong wingi kae ngapusi. Opo sing diwedhwni sarpono tenanan, nek ndeknene kapusan. Sarpono dikandani tanggane nek wong sing nggowo mobil wingi kae buronan polisi. Sarpono semaput mbasan gerti nek ndeknene kapusan.

Penulis:Mahasiswa PBSID, Universitas Sanata Dharma Yogyakarta
Cerpen ini telah dimuat di Majalah PRABA edisi Oktober II, 2008